BELAJAR LE.. BELAJAR..
"Awit mbiyen mulo.. wis tak kandani... belajar lee,
belajar nyambut gawe.."mbok surip ngandani sorjan anake lanang.
"jale.. lek ngeneiki awakmu dewe tho .. sing susah,wayahe nglamar siti
bingung lek mu sambat simbok",ujare mbok surip karo mithili godong boden
nang pawon,nyawang Sorjan anake siji-sijine lagi nyrumbati klopo.
Sorjan lemes terus leyeh-leyeh senden srumbung sumur. terus
aku kudu sambat sopo ujare nang ati,bapak wis ninggal wolung taun kepungkur,
nang ngomah mung kari aku karo simbok. jane ngono sorjan pengen koyo si kadeni
kancane sing mrantau nang jakarta,utowo si larto sing kerjo nang
malaysia,tapi... ora tegel rasane sorjan ninggal simbok,lha mengko sopo sing
ngurus ladang,ngaritke wedus,lan ngantar jemput simbok dodolan sayur nang
pasar?
Ojo maneh mrantau wong kerjo buruh nang desane dewe wae
raiso mbagi wektu jane ngono Sorjan kuwi termasuk bocah sing bekti marang wong
tuane,ora tau kok di kongkon gek ora budhal,najan wis janjian nonton jaranan
karo kancane yo sing didisikne yo mesthi perentahe simbok. Asil olehe nandur
boden nang ladang utowo nandur sayuran yo mbok surip sing nampani. Sorjan babar
blas ra weruh... pokoke lek wayah ngrabuk utowo tuku obat pertanian yo njaluk
simbok. Klambi, pulsa lan kebutuhane yo simbok sing nukokne jajan yo di jatah
mbok surip sak pase. Sorjan yo ora ngrokok opomaneh ngombe sing aneh-aneh koyo
cah nom-noman saiki. Tapi sak iki wayah aku sambat simbok malah koyongene...
dadi susah atine Sorjan, susah kang tanpo upomo.... duh.. siti..piye iki
nduk...
"Wis.. kono gek adus lan dandan sing rapi, terne
simbok" omonge mbok surip mbuyarke lamunane sorjan.
"nyang ndi mbok..?"
"nang BRI " ujar mbok surip
"opo... BRI..?? wegah aku lek arep utang nang
bank..", sorjan rodo gugup
"sing arep utang yo sopo.. simbok arep njupuk duwit
tabungane pak mu... mbiyen pas adol sapi pakmu wis kondo,lek sak wayah-wayah
sorjan ketemu jodo duwite kon jupuk.. ora akeh lee.. mung 80 yuto.. kenek-kenek
mbok ngge modal dodol dawet.."
"hehh??", Mendung peteng ning wajahe sorjan
sumilak dadi padang.. gilang-gumilang koyo serngenge.. Reket-reket lakune
sorjan,trengginas karo mesem raiso ngempet seneng. trothok..!,thok! jleng!!
"siti... klakon dadi bojoku kowe nduk.. ..entenono
kangmas yo nduuk..!,hmmhhh!"
"entenono!!" ho'!!... ee..!,ho'.. ee!!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar