Rabu, 02 September 2015
Cerpen Ahmad Suryo Handoko 2
Restoran Masakan Indonesia cerpen lain
Wis seminggu neng Jepang Pak De karo Bu De akhire
nemu restoran masakan Indonesia. Pelayane robot...
Robot teko nyedakki Pak De, terus ngomong: "What is
your nationality ?" Robot takon.
"Indonesia...," jare Pak De.
"Selamat datang...," jare Robot nganggo Bahasa
Indonesia.
"Apa bahasa Suku anda ?" Robot takon meneh.
"Jawa...," jare PakDe.
"Sugeng siang...bade pesen opo ?" Jare robot
nganggo Boso Jowo.
"Canggih yo, Bu...," Pak De ngomong karo BuDe.
Bu De: "Ono lotek ?" Ibune takon karo robot.
Robot: "Ono..."
Bu De: "Pesen rong porsi..."
Robot: "Porsi gede opo cilik ?"
Bu De: "Porsi gede..."
Robot: "Lomboke piro ?"
Bu De: "Sing siji loro, sing siji sepuluh..."
Robot: "Nganggo kangkung ?"
Bu De: "Yo..."
Robot: "Nganggo timun ?"
Bu De: "Yo..."
Robot: "Nganggo kol ?"
Bu De: "Yo..."
Robot: "Nganggo kol jowo opo kol asli Jepang ?"
Pak De: "Sing endi wae lah...manut..." Pak De wis
rodo nesu.
Robot: "Kacange diuleg opo diblender ?"
Pak De: "Kuarepmuuu !"
Robot: "Kacange setengah mateng opo mateng?"
Pak De: "Goréng sing gariiiiiiing !!!"
Robot: "Nganggo bawang goreng rak ?"
Pakde : Nganggo...uasuuu !!!" Pak De misuh banter
banget.
Robot: "Di piring opo di pincuk ?"
Pak De: "Di piring !!!"
Robot: "Lengone nganggo margarin opo minyak
kelapa ?"
Pak De: "Jelantah...wedhuuusss !!! Nesu banget
soale...wis sepuluh menit dewe !!!"
Robot meneng, lampune byar pet kelap kelip, koyone
pesenan lagi diproses. Kiro-kiro telung menitan
robote ngomong meneh: "Maturnuwun...pesenan tak
tompo...mung rak iso di suguhke..."
Pak De: "Nopo ??? Aku wis ngenteni...suwe
banget...tanya jawab karo kowe...kok rak iso nopo to
ndes ?!!" Jare PakDe emosi.
Robot: "Soale durung ono asune karo wedhuse..."
Pak De: "Diancuuukkk !!! Iso edian aku !!! Ayo,
Bu...lungo !!! Rak usah nguntal neng kene !!!
Langganan:
Postingan (Atom)