Rewang …. Ning kampungku kono biasane nek ono wong sing lagi nduwe gawe, mantenan utowo sunatan, mesti akeh tonggo tonggone podo teko kanggo ngrewangi. Ono sing ngrewangi masak, isah isah, nggawe bolu, mbubuthi pithik, nyuguhi tamu lan liya liyane.
Wong sing nduwe gawe ora perlu mbayar wong wong sing podo rewang, cukup nek tonggo tongo iku podo muleh digawani panganan lan jajanan kanggo keluwargane sing ning omah , gantine, mengko nek ono salah sijine nduwe gawe, dewekke gantian ngrewangi.
Salah siji kebiasaan apik, sing wes ono kawet mbiyen ngantek saiki.
Poro konco, kowe opo pernah rewang ?
Dino iki aku urung iso mangkat kerjo,
amargo awaku isih lemes kerono mriyang pating greges awit 3 dino kepungkur.
awan iki aku glethakan wae ng kamar
najan wis rodo waleh nyawang amben..
rasane rapenak klumbrak-klumbruk koyo suwal.
aku krungu bojoku guneman karo yu Pon nang ruang tamu
"mbak yu.. aku nggumun.. karo wong lanang zaman saiki,lagi podho kedhanan watu akik..
bojoku wingi tk uring2, melu2 nukoni watu akik" ,kandane yu pon karo bojoku.
"lha nyapo lho.. mbok dijarke wae.."ujare bojoku.
"di jarke piye...! lha dhuwit sg kudune ngge blonjo pawon malah ngge tuku akik.. mesthi tk uring2, po bojone sampean ora melu nukoni akik mbak..??"
"yo melu ...malah nukoni watu akik sampek enek kae nek 20 biji.. malah aku lan anaku lanang mbarang di kon ngangge.."
"ngonokuwi smpean po nggak nesu mbak?",yu pon kayane nggumun.
"ora ..wong yo bojoku tukune ra larang2 dadi aku rakuatir",bojoku nyauri
"kan watu rapayu didhol maneh mbak..?,"yu pon takon.
"pancene...iyo ngono... sak weruhku bojoku urung tau adhol watune akik..mbuh..paling rapayu yo.. lek didhol maneh"
"kuwi lho mbak.. daripada ngge tuku akik kan mending tuku emas kenek ngge tabungan..didhol meneh yo cepet"
"yo bedho tho yu pon... emas kuwi kan pancen logam mulia..awit mbiyen nganti mbesok regane yo luwih dhuwur tinimbang watu akik..jare bojoku sing iso ngungkuli emas yo watu mulia..dudu watu akik..
watu akik ki kan murah meriah..mong nggo melu trend zaman",bojoku kok malah nyeramahi yu pon
aku mesem.. kuwi kalimat sg wis tau tak unekne karo bojoku mbiyen...saiki di ngge nyeramahi yu pon.
"po sampean yo ketut seneng akik mbak yu.??",yu pon penasaran.
"jane ngono ..aku rapati seneng..,tp aku diwenehi bojoku ... yo tak engge ben wonge marem.. mbok menowo blanjane di tambahi..",
bojoku nyauri karo ngguyu,"jare nyenengke suami entuk ganjaran..lha daripada bojoku kedanan wedhokan isih mending kedanan watu akik",bojoku nambahi.
yu pon ra takon maneh.. dheweke meneng ra nyuwara.
ng kamar ..bathinku muni,"hahaha..bagus itu namanya istri yg membela harga diri suami hahaha"
aku mesam mesem dhewe koyo wong....oo...
krungu meneh suwara bojoku
"yen dipikir2 awakmu yo bener yu pon...pancen wong lanang saiki soyo nggilani".
"maksutmu piye mbak..??",yu pon rodho bingung
"jale pikiren.. sing pantes akeh perhiasane kuwi kan kudune wong wedhok.. iyo tho??"bojoku takon karo yu pon.
"bener2 mbak um..."
"malah dhino iki kuwalik
wong lanang kadhong ngangge perhiasan ngungkuli wong wedhok sampek nduwe wadhah sak kotak, ngono ngakune lanang kadung macak koyo banci!",bojoku kondo rodo seru..po ben aku krungu yoo..??
"hassemmm..!",
batinku.. tp nyapo aku tersungging..opo aku koyo banci? kan ora..
aku terus menyat seko amben
tk buka lemariku,kotak akik tk jupuk
terus tak engge cincinku kabeh
nganti kebak drijiku malah isih turah 7 urung tk engge..
aku terus ngadek ng ngarep cermin..
...
sauntoro
aku nyawang awakku dhewe
aku mbathin
"pancen bener bojoku..AKU KOYO WONG GENDENG!??"

Tidak ada komentar:
Posting Komentar